Pemimpin/Pangarsa ingkang Wicaksana

Miturut piwulangipun para pinisepuh, pemimpin ingkang wicaksana meniko ancer-anceripun kirang langkung kasebat ing ngandap meniko.

1. Dadi pemimpin/pangarsa iku perlu handuweni Panca – Pratama.

* Pali Darma : tegese tansah aweh pitutur marang kelakuan kang becik marang andhahane.
* Pali Marma : tegese sugih pangapura, ora seneng nibakake paukuman marang andhahane
* Mulat : tegese ora wor-suh paminta-pranataning pakaryan. Sarta tansah waspada sakabehing tumindak.
* Miluta : tegese angraket/raket marang andhahane.
* Milala : tegese seneng peparing marang andhahane, ora malah kosok baline.

Ya Panca Pratama iku kang anjalari bisa nukulake kawibawaning Pemimpin. Wibawa iku tembung Bawa oleh ater-ater Wi (Wi = Bawa) tegese : Wi = Luhur = Linuwih. Bawa = Laku. Tukuling “Wibawa” manawa handuweni watak Budi Luhur.

2. Pemimpin iku paribasaning Gendheng (genteng) saupamane.

Kuwajibanne Gendheng iku dadi Pangayoman kang ndalemi. Menawa gendheng mau pecah, mesthi dilorot, diganti sing wutuh, sing pecah terus diguwak, amarga wis ora ana gunane

3. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa. Tut wuri handayani.

4. Aja gampang nganggep sepele, kadhang-kdahang bisa dadi gawe.

5. Yen kuwasa aja kumawasa, yen pinter aja kuminter, yen sugih aja sumugih, yen banter aja seneng nglancangi, yen mandi aja mateni.

6. Ajining diri hamung saking pakarti lan kedaling lathi.

7. Memayu hayuning bawana : Tansah marsudi mbangun pribadine dewe

8. Memayu hayuning sasama : Kudu bisa gawe tentreming para kawulane

9. Dados juru ladosing bebrayan ingkang sae : Punapa ingkang dados kaperluanipun para kawulanipun, kedah dipun penggalihaken ingkang saestu.

10. Sadaya keputusanipun tansah adamel senenging tiyang sanes, adil, hambeg paramarta.

11. Sedaya tumindakipun linandhesan tresna welas asih dhumateng sintena kemawon.

12. Panguasa iku ora kanggo nguwasani, nanging kanggo hangayomi.

13. Aja sok sewenang-wenang, tundhone bakal kesurang-surang.

14. Berbudi bawa laksana, welas asih mring sapadha-padha.

15. Aja seneng nenacad ing liyan, menawa pribadine dhewe durung resik temenan.

* di pun kutip saking sukolaras

0 Response to "Pemimpin/Pangarsa ingkang Wicaksana"

Post a Comment

gending


dex