Piwulang Utami

Seratan teng ngandap mriki kangge sinten ingkang bade milih calon sigaraning urip


Secatur (sarupa, sajiwa, sawanda lan saekapraya)

Sarupa : kekalihipun rumaos menawi garwanipun punika bagus/ayu piyambak

Sajiwa : kedah saged momong watak satunggal-satunggalipun

Sawanda : adeging bebrayan pamonging gesang kekalih

Saekapraya : kedah jumurung dhateng karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utami

Tepa ing rasa, Dana ing tepa, Temen tobating rila

Tepa ing rasa : tepa menika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan makarti punika kedah manut raosipun piyambak. Menawi tumrap raosipin boten sekeca ing prayogi, sampun dipun cakaken dhateng tiyang sanes

Dana ing tepa : rasa pangraosbmakaten punika, kula aturi ngecakaken ing bebrayan agung, adatipun saged sumingkir saking watak srei drengki, jahil methakil, dahwen, panasthen, kamiopen

Temen tobating rila : tumrap kakung, kanthi temen tresna garwa, martobat sampun tuman rabi malih, rila legawa narima trusing batos garwa satunggal boten telas salaminipun, adatipun saged nyaketaken tresna bektinipun garwa. Tumrap putrid semanten ugi, adatipun nyaketaken sih tresnanipun kakung

Guna, Kaya lan Sura

Guna : sugih kabisan

Kaya : saged ngendalekaken asil

Sura : pun wani utawi kendel

Sadaya gegayuhan saged kaleksanan, jer linambaran kuwanen, kados piwulangipun Prabu Rama dhateng Wanara Seta Anoman “Sapa wani ing gampang, wedi ing kewuh, samubarang nora bakal bisa kelakon”

Gemi, Nastiti, Ngati-ati

Gemi : ora gelem ngetokake waragat kang ora perlu

Nastiti : weruh ing petung, ora gampang keblithuk

Ngati-ati : bias ngormati marang guna kayaning laki

Rigen, Mugen, Tengen

Rigen : bias nata amrih tata lan prayoga

Mugen : manut sapakon, nora rongeh

Tengen : teteg utawi tawakal

Kabrayan, Kahartan, Kayuswan, Kawibawan (Panca utamaning gesang balewisma)

Kabrayan : sugi anak

Kahartan : sugih dhuwit/rejeki

Kayuswan : dawa umure

Kawibawan : hanggadhahi watak budi luhur

Sasana, Busana, Baksana

Sasana : mbudidaya papan manut sakuwasanipun, dhedhasar sarujukan

Busana : ngagem busana manut sakuwasanipun, dhedhasar narima

Baksana : dhedhaharan ingkang jumbuh kaliyan wulu, wedalipun

Sama, Beda, Dana, Dhendha

Sama : pengrengkuhipun sami-sami ahli waris sami

Beda : nadyan darajat padha, reh kawajibanipun tetep beda

Dana : saged jagi asmanipun satunggal-satunggalipun

Dhendha : adiling ukum, boten wigah-wigih, elik-elik dhumateng sasaring tumindak satunggal-satunggalipun

Malima (Momong, Momot, Momor, Mursid, Murakabi)

Momong : sage ding ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Kajwi dhawuh ugi saged nuladhani

Momot : ing atasipun kakung sasaged-saged kedah asipat bebasan weteng segara gulu bengaan. Tegesipun sarwa saged hamadhani awon lan sae, tan gampil serik lamun cinacat, ugi boten gampil bombing menawi kaalembana

Momor : gampil ing pasrawungan, ingkang esthinipun mamrih jembaring pasrawungan, miwah ngrembakaning karukunan, kanthi boten mbenten-mbentenaken derajat lan pangkat

Mursid : landep ing panggrahita, boten cengkah kaliyan tegesipun kautaman, ing idhep hamung mamrih saya indhaking darajat brayat lan kulawarga, ingkang pungkasanipun migunani tumrap bebrayan

Murakabi : boten among kangge kabetahaning brayat kemawon


dipun kutip saking sukolaras

gending


dex