Ojo Ngongso

Ngelingake ojo ngongso ngoyak donya.. wong bondo ra digowo mati.

URIP OJO NGONGSO
SING PODO NARIMO
GEMI SETITI NASTITI NGATI- ATI
ELING LAWAN GUSTI KANG MURBENG DUMADI

OJO MELIK DUWEKING LIYAN
OJO NGGEGE MONGSO
OJO ADIGANG ADIGUNG ADIGUNO
OJO ROMONGSO BISO
OJO SULOYO KARO TONGGO
OJO SULOYO KARO KANCA

REJEKI / JODO / PATI URIP SEKO KARESANGIN ALLAH
SING PADA SEMELEH
SABAR LAN TAWAKAL

AYO SREGEP NGIBADAH
MOGO DARI UMAT KANG TANSAH ELING

JER BESUKI MAWA BEYA

Paribasan jer basuki mawa béya iku tegesé, yèn wong ngarepaké kamulyan, banjur barang iki mbutuhaké prihatin. Bisa uga prihatin iki kasebut béya utawa kudu rekasa dhisik. Beya uga asring ditegesi ragad, dhuwit, utawa bandha.

Ojo dumeh

Manungsa inkang rumangsa dadi abdi nipun gusti Allah kedah gadah sifat Ojo dumeh.
Lha, san'niki...  arti nipun ojo dumeh ki opo tho?
saiki ngoko wae....
ojo dumeh duwe arti ojo sak sak e dadi menungso

wonten piwulang ngaten:

•  Aja Dumeh Kuwasa, Tumindake daksura lan daksia marang sapada-pada, ( janganlah mentang –mentang sedang berkuasa, segala tindak-tanduknya pongah dan congkak serta sewenang –wenang terhadap sesamanya).
•  Aja dumeh pinter, tumindake keblinger ( janganlah mentang –mentang diakui pintar lalu kebijaksanaanya menyimpang dari aturan yang seharusnya).
•  Aja dumeh kuat lan gagah, tumindake sarwa gegabah (jangan mentang –mentang kuat dan gagah lalu tindakanya serba gegabah )
•  Aja dumeh sugih, tumindake lali karo sing ringkih ( jangan mentang –mentang kaya lalu tingkah perbuatanya tidak mengingat kepada yang lemah ekonominya)
•  Aja dumeh menang, tumindake sewenang-wenang (jangan mentang-mentang dapat mengalahkan lawan lalu tindakanya sewenang –wenang kepada lawan)

*dipun kutip saking sukolaras

dados, saget di simpulaken ojo dumeh niku "ojo bisa rumangsa, nanging bisa'a rumangsa"

Piwulang Utami

Seratan teng ngandap mriki kangge sinten ingkang bade milih calon sigaraning urip


Secatur (sarupa, sajiwa, sawanda lan saekapraya)

Sarupa : kekalihipun rumaos menawi garwanipun punika bagus/ayu piyambak

Sajiwa : kedah saged momong watak satunggal-satunggalipun

Sawanda : adeging bebrayan pamonging gesang kekalih

Saekapraya : kedah jumurung dhateng karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utami

Tepa ing rasa, Dana ing tepa, Temen tobating rila

Tepa ing rasa : tepa menika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan makarti punika kedah manut raosipun piyambak. Menawi tumrap raosipin boten sekeca ing prayogi, sampun dipun cakaken dhateng tiyang sanes

Dana ing tepa : rasa pangraosbmakaten punika, kula aturi ngecakaken ing bebrayan agung, adatipun saged sumingkir saking watak srei drengki, jahil methakil, dahwen, panasthen, kamiopen

Temen tobating rila : tumrap kakung, kanthi temen tresna garwa, martobat sampun tuman rabi malih, rila legawa narima trusing batos garwa satunggal boten telas salaminipun, adatipun saged nyaketaken tresna bektinipun garwa. Tumrap putrid semanten ugi, adatipun nyaketaken sih tresnanipun kakung

Guna, Kaya lan Sura

Guna : sugih kabisan

Kaya : saged ngendalekaken asil

Sura : pun wani utawi kendel

Sadaya gegayuhan saged kaleksanan, jer linambaran kuwanen, kados piwulangipun Prabu Rama dhateng Wanara Seta Anoman “Sapa wani ing gampang, wedi ing kewuh, samubarang nora bakal bisa kelakon”

Gemi, Nastiti, Ngati-ati

Gemi : ora gelem ngetokake waragat kang ora perlu

Nastiti : weruh ing petung, ora gampang keblithuk

Ngati-ati : bias ngormati marang guna kayaning laki

Rigen, Mugen, Tengen

Rigen : bias nata amrih tata lan prayoga

Mugen : manut sapakon, nora rongeh

Tengen : teteg utawi tawakal

Kabrayan, Kahartan, Kayuswan, Kawibawan (Panca utamaning gesang balewisma)

Kabrayan : sugi anak

Kahartan : sugih dhuwit/rejeki

Kayuswan : dawa umure

Kawibawan : hanggadhahi watak budi luhur

Sasana, Busana, Baksana

Sasana : mbudidaya papan manut sakuwasanipun, dhedhasar sarujukan

Busana : ngagem busana manut sakuwasanipun, dhedhasar narima

Baksana : dhedhaharan ingkang jumbuh kaliyan wulu, wedalipun

Sama, Beda, Dana, Dhendha

Sama : pengrengkuhipun sami-sami ahli waris sami

Beda : nadyan darajat padha, reh kawajibanipun tetep beda

Dana : saged jagi asmanipun satunggal-satunggalipun

Dhendha : adiling ukum, boten wigah-wigih, elik-elik dhumateng sasaring tumindak satunggal-satunggalipun

Malima (Momong, Momot, Momor, Mursid, Murakabi)

Momong : sage ding ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Kajwi dhawuh ugi saged nuladhani

Momot : ing atasipun kakung sasaged-saged kedah asipat bebasan weteng segara gulu bengaan. Tegesipun sarwa saged hamadhani awon lan sae, tan gampil serik lamun cinacat, ugi boten gampil bombing menawi kaalembana

Momor : gampil ing pasrawungan, ingkang esthinipun mamrih jembaring pasrawungan, miwah ngrembakaning karukunan, kanthi boten mbenten-mbentenaken derajat lan pangkat

Mursid : landep ing panggrahita, boten cengkah kaliyan tegesipun kautaman, ing idhep hamung mamrih saya indhaking darajat brayat lan kulawarga, ingkang pungkasanipun migunani tumrap bebrayan

Murakabi : boten among kangge kabetahaning brayat kemawon


dipun kutip saking sukolaras

Tombo ati

Salah sawiji ingkang gawe menungso tentrem: anane tombo ati.

Tombo ati iku lima perkarane

Kaping pisan moco Qur’an lan maknane

Kaping pindo sholat wengi lakonono

Kaping telu wong kang soleh kumpulono

Kaping papat ludu weteng ingkang luwe

Kaping limo dzikir wengi ingkang suwe

Salah sawijine sopo biso ngelakoni

Mugi-mugi Gusti Allah ngijabahi




Mp3Raid music code

Pemimpin/Pangarsa ingkang Wicaksana

Miturut piwulangipun para pinisepuh, pemimpin ingkang wicaksana meniko ancer-anceripun kirang langkung kasebat ing ngandap meniko.

1. Dadi pemimpin/pangarsa iku perlu handuweni Panca – Pratama.

* Pali Darma : tegese tansah aweh pitutur marang kelakuan kang becik marang andhahane.
* Pali Marma : tegese sugih pangapura, ora seneng nibakake paukuman marang andhahane
* Mulat : tegese ora wor-suh paminta-pranataning pakaryan. Sarta tansah waspada sakabehing tumindak.
* Miluta : tegese angraket/raket marang andhahane.
* Milala : tegese seneng peparing marang andhahane, ora malah kosok baline.

Ya Panca Pratama iku kang anjalari bisa nukulake kawibawaning Pemimpin. Wibawa iku tembung Bawa oleh ater-ater Wi (Wi = Bawa) tegese : Wi = Luhur = Linuwih. Bawa = Laku. Tukuling “Wibawa” manawa handuweni watak Budi Luhur.

2. Pemimpin iku paribasaning Gendheng (genteng) saupamane.

Kuwajibanne Gendheng iku dadi Pangayoman kang ndalemi. Menawa gendheng mau pecah, mesthi dilorot, diganti sing wutuh, sing pecah terus diguwak, amarga wis ora ana gunane

3. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa. Tut wuri handayani.

4. Aja gampang nganggep sepele, kadhang-kdahang bisa dadi gawe.

5. Yen kuwasa aja kumawasa, yen pinter aja kuminter, yen sugih aja sumugih, yen banter aja seneng nglancangi, yen mandi aja mateni.

6. Ajining diri hamung saking pakarti lan kedaling lathi.

7. Memayu hayuning bawana : Tansah marsudi mbangun pribadine dewe

8. Memayu hayuning sasama : Kudu bisa gawe tentreming para kawulane

9. Dados juru ladosing bebrayan ingkang sae : Punapa ingkang dados kaperluanipun para kawulanipun, kedah dipun penggalihaken ingkang saestu.

10. Sadaya keputusanipun tansah adamel senenging tiyang sanes, adil, hambeg paramarta.

11. Sedaya tumindakipun linandhesan tresna welas asih dhumateng sintena kemawon.

12. Panguasa iku ora kanggo nguwasani, nanging kanggo hangayomi.

13. Aja sok sewenang-wenang, tundhone bakal kesurang-surang.

14. Berbudi bawa laksana, welas asih mring sapadha-padha.

15. Aja seneng nenacad ing liyan, menawa pribadine dhewe durung resik temenan.

* di pun kutip saking sukolaras

gending


dex