Piwulang Utami (II)


Secatur (sarupa, sajiwa, sawanda lan saekapraya)

Sarupa
 : kekalihipun rumaos menawi garwanipun punika bagus/ayu piyambak
Sajiwa : kedah saged momong watak satunggal-satunggalipun
Sawanda : adeging bebrayan pamonging gesang kekalih
Saekapraya : kedah jumurung dhateng karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utami

Tepa ing rasa, Dana ing tepa, Temen tobating rila
Tepa ing rasa : tepa menika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan makarti punika kedah manut raosipun piyambak. Menawi tumrap raosipin boten sekeca ing prayogi, sampun dipun cakaken dhateng tiyang sanes
Dana ing tepa : rasa pangraosbmakaten punika, kula aturi ngecakaken ing bebrayan agung, adatipun saged sumingkir saking watak srei drengki, jahil methakil, dahwen, panasthen, kamiopen
Temen tobating rila : tumrap kakung, kanthi temen tresna garwa, martobat sampun tuman rabi malih, rila legawa narima trusing batos garwa satunggal boten telas salaminipun, adatipun saged nyaketaken tresna bektinipun garwa. Tumrap putrid semanten ugi, adatipun nyaketaken sih tresnanipun kakung

Guna, Kaya lan Sura
Guna : sugih kabisan
Kaya : saged ngendalekaken asil
Sura : pun wani utawi kendel
Sadaya gegayuhan saged kaleksanan, jer linambaran kuwanen, kados piwulangipun Prabu Rama dhateng Wanara Seta Anoman “Sapa wani ing gampang, wedi ing kewuh, samubarang nora bakal bisa kelakon”

Gemi, Nastiti, Ngati-ati
Gemi : ora gelem ngetokake waragat kang ora perlu
Nastiti : weruh ing petung, ora gampang keblithuk
Ngati-ati : bias ngormati marang guna kayaning laki

Rigen, Mugen, Tengen
Rigen : bias nata amrih tata lan prayoga
Mugen : manut sapakon, nora rongeh
Tengen : teteg utawi tawakal

Kabrayan, Kahartan, Kayuswan, Kawibawan (Panca utamaning gesang balewisma)
Kabrayan : sugi anak
Kahartan : sugih dhuwit/rejeki
Kayuswan : dawa umure
Kawibawan : hanggadhahi watak budi luhur

Sasana, Busana, Baksana
Sasana : mbudidaya papan manut sakuwasanipun, dhedhasar sarujukan
Busana : ngagem busana manut sakuwasanipun, dhedhasar narima
Baksana : dhedhaharan ingkang jumbuh kaliyan wulu, wedalipun

Sama, Beda, Dana, Dhendha
Sama : pengrengkuhipun sami-sami ahli waris sami
Beda : nadyan darajat padha, reh kawajibanipun tetep beda
Dana : saged jagi asmanipun satunggal-satunggalipun
Dhendha : adiling ukum, boten wigah-wigih, elik-elik dhumateng sasaring tumindak satunggal-satunggalipun

Malima (Momong, Momot, Momor, Mursid, Murakabi)
Momong : sage ding ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Kajwi dhawuh ugi saged nuladhani
Momot : ing atasipun kakung sasaged-saged kedah asipat bebasan weteng segara gulu bengaan. Tegesipun sarwa saged hamadhani awon lan sae, tan gampil serik lamun cinacat, ugi boten gampil bombing menawi kaalembana
Momor : gampil ing pasrawungan, ingkang esthinipun mamrih jembaring pasrawungan, miwah ngrembakaning karukunan, kanthi boten mbenten-mbentenaken derajat lan pangkat
Mursid : landep ing panggrahita, boten cengkah kaliyan tegesipun kautaman, ing idhep hamung mamrih saya indhaking darajat brayat lan kulawarga, ingkang pungkasanipun migunani tumrap bebrayan
Murakabi : boten among kangge kabetahaning brayat kemawon


gending


dex